Lagu daerah Jawa tengah

Gundul gundul pacul cul gelelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

PADHANG WULAN
Yo prokonco dolanan neng njobo
Padang bulan padange koyo rino
Rembulane ne seng awe-awe
Ngelingake ojo turu sore
Yo prokonco dolanan neng njobo
Padang bulan padange koyo rino
Rembulane ne seng awe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

DONDONG OPO SALAK
Dondong Opo Salak
Lagu Kris Biantoro

RingkasanLirikDengarkan
Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik
Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik
Adi ndherek ibu
Tindhak menyang pasar
Ora pareng rewel
Ora pareng nakal
Mengko ibu mesti
Mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti
Ati diparingi
Dondong opo salak
Duki cilik-cilik
Gendong opo pundak
Ojo ngithik-ithik
Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik
Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik
Ati ndelek ibu
Tindak menyang pasal
Oya payeng yewel
Oya payeng nakal
Mengko ibu mesti
Mundhut oyeh-oyeh
Aacang kalo loti
Ati dipalingi
Ondong opo alak
Duki ilik-ilik
Gendong opo pundak
Ojo ngithik-ithik

GAMBANG SULING
Sworo suling kumandang swarane
Tulat-tulit, kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kembangane
Sworo suling kumandang swarane
Tulat-tulit, kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kembangane
Sworo suling kumandang swarane
Tulat-tulit, kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kembangane

SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu, yo mas
Jamu godhong telo
Suwe ora ketemu
Temu pisan ojo gelo
Suwe ora jamu, yo mas
Jamu godhong meniran
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan dadi pikiran
Wis suwe yo mas ora jamu
Jamu godhong sligi
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan dadi ati
Abang-abang ora kurang
Sing ijo di undhuhi
Sing legan ora kurang
Sing duwe bojo kok di rusuhi
Ireng-ireng montore kanjeng, yo mas
Ganen rene tak setirane
Yen podo seneng aja mung mandeng
Golekana ngendi omahe
Wis suwe yo mas ora jamu
Jamu rempah rempah
Wis suwe ora ketemu
Temu maneh karo mbak waljinah

TURI TURI PUTIH
Turi-turi putih
Ditandur ning Kebon Agung
Turi-turi putih
Ditandur ning Kebon Agung
Sleret, tibo nyemplung
Gemlundung kembange opo?
Mbok kiro (mbok kiro), mbok kiro (mbok kiro)
Mbok kiro kembange opo?
يَارَسُ

SLUKU SLUKU BATHOK
RingkasanLirik
اللهم صل وسلم على
سيدنا محمد عدد ما فى علم الله
صلاة دائمة بدوام ملك الله
صلاة دائمة بدوام ملك الله
Sluku-sluku bathok
Bathoke Ela-elo
Si Rama menyang solo
Oleh-olehe payung mutho
Mak jenthit Lolo Lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleko duwit
اللهم صل وسلم على
سيدنا محمد عدد ما فى علم الله
صلاة دائمة بدوام ملك الله
صلاة دائمة بدوام ملك الله
Sluku-sluku bathok
Bathoke Ela-elo
Si Rama menyang solo
Oleh-olehe payung mutho
Mak jenthit Lolo Lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleko duwit

LIR ILIR

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo
Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo

JENANG GULO
Jenang gulo, kowe ojo lali
Marang aku iki, yo, Kangmas
Nalikane
Nandang susah sopo sing ngancani?
Dek semono aku tetep tresno
Lan tetep setyo to, Kangmas
Dereng nate
Gawe gelo lan gawe kuciwo
Ning saiki bareng mukti
Kowe kok njur malah lali marang aku?
Sitik-sitik mesti nesu
Terus ngajak padu
Jo ngono, ojo ngono
Opo kowe pancen ra kelingan
Jamane dek biyen to, Kangmas?
Kowe janji
Bungah, susah podo dilakoni
Ning saiki bareng mukti
Kowe kok njur malah lali marang aku?
Sitik-sitik mesti nesu
Terus ngajak padu
Jo ngono, ojo ngono
Opo kowe pancen ra kelingan
Jamane dek mbiyen to, Kangmas?
Kowe janji
Bungah, susah podo dilakoni

JARANAN
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Jaranan, jaranan, jarane jaran teji.
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek turut lurung
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Jaranan, jaranan, jarane jaran teji
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek, turut lurung
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Eh-eh-eh
Jaranan, jaranan, jarane jaran teji
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek, turut lurung
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Jaranan, jaranan, jarane jaran teji
Sing nunggang Mas Ngabehi
Sing ngiring para menteri
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Srek-kesrek, turut lurung
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher
Gedebuk krincing
Gedebuk krincing, prok, prok
Gedebuk jedher

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *