10 lirik lagu daerah Jawa tengah #silvia7.1

1.Cublak-cublak sueng Lirik=

Cublak-cublak suweng

Suwenge ting gelenter

Mambu ketundung gudhel

Pak Empong lerak-lerek

Sopo ngguyu ndelekakhe

Sir-sir pong dele kopong

Sir-sir pong dele kopong

2. Dondong Opo Salak Lirik=

Dondong opo salak

Duku cilik-cilik

Ngandhong opo mbecak

Mlaku thimik-thimik

Adi ndherek ibu

Tindhak menyang pasar

Ora pareng rewel

Ora pareng nakal

Mengko ibu mesti

Mundhut oleh-oleh

Kacang karo roti

Adi diparingi

3. Ilir Ilir Lirik:

Lir-ilir, lir-ilir

Tandure wus sumilir

Tak ijo royo-royo

Tak sengguh penganten anyar

Cah angon, cah angon

Penekno blimbing kuwi

Lunyu-lunyu penekno

Kanggo mbasuh dodotiro

Dodotiro, dodotiro

Kumitir bedah ing pinggir

Dondomono lumatono

Konggo sebo mengko sore

Mumpung padang rembulane

Mumpung padang kalangane

Yo surako, surak hiyo

4. Gundul-gundul Pacul Lirik:

Gundul-gundul pacul cul

gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul kul

gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Gundul-gundul pacul cul gembelengan

Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan

Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wakul ngglimpang segane dadi sak rattan

5.Padhang Wulan Lirik:

Yo ‘pra kanca dolanan ing jabaPadhang wulan padhange kaya rinaRembulane e sing awe-aweNgelingake aja padha turu soreYo ‘pra kanca dolanan ing jabaRame-rame kene akeh kancaneLangite pancen sumebyar rinaYo padha dolanan sinambi guyonan

6.Turi-turi Putih Lirik:

Cemleret tiba nyemplung

Mbok kiro kembange apa,

Mbok kiro – Mbok kiro …

Mbok kiro kembange apa,

Kembang-kembang tebu …

Kembang tebu cacahe pitu

Kembang-kembang tebu …

Kembang tebu cacahe pitu

Kang mituhu marang guru

Ben lakune ora kliru

Mbok kiro – Mbok kiro …

Mbok kiro kembange apa,

Kembang-kembang jambe

Kembang jambe di ronce-ronce

Kembang-kembang jambe

Kembang jambe di ronce-ronce

Rungokno pituture

Ben ra getun tembe mburine

Mbok kiro – Mbok kiro

Mbok kiro kembange apa,

Kembang-kembang waru…

Kembang waru di wiru-wiru

Kembang-kembang waru …

Kembang waru di wiru-wiru

Opo to tegese guru

Digugu ugo di tiru

Mbok kiro – Mbok kiro

Mbok kiro kembange apa,

7.Sluku-sluku Bathok Lirik:

Sluku-sluku bathok

Bathoke ela-elo

Si Rama menyang Solo

Leh olehe payung mutho

Mak jentit lho-lho lobah

Wong mati ora obah

Yen obah medeni bocah

Yen urip goleka duwit

8.Suwe Ora Jamu Lirik:

Suwe ora jamu

Jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

Ketemu pisan gawe gela

Suwe ora jamu

Jamu sogo thunteng

Suwe ora ketemu

Temu pisan atine seneng

Suwe ora jamu

Jamu godhong bunder

Suwe ora ketemu

Temu pisan tambah pinter

9.Gambang Suling Lirik:

Gambang suling, ngumandhang swarané

Thulat-thulit, kepénak uniné

Uuuuniné mung

Nreyuhaké ba-

Reng lan kentrung ke-

Tipung suling, sigrak kendhangané

10.Jaranan Lirik:

Jaranan jaranan jarane jaran teji

Sing numpak doro behi

Sing ngiring para mentri

Jrek jrek nong

Jrek jrek gong jrej e jrek

Turut lurung gedebuk krincing

Gedebuk krincing

Thak thak gedebuk jeder

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *