Assalamualaikum wr wb
Lirik lagu dari daerah Jawa tengah. Yaitu.
1.>CUBLAK CUBLAK SUENG. Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundung gudhel
Pak Empong lerak-lerek
Sopo ngguyu ndelekakhe
Sir-sir pong dele kopong
Sir-sir pong dele kopong
2.>DONDONG OPO SALAK. Dondong opo salak
Duku cilik-cilik
Ngandhong opo mbecak
Mlaku thimik-thimik
Adi ndherek ibu
Tindhak menyang pasar
Ora pareng rewel
Ora pareng nakal
Mengko ibu mesti
Mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti
Adi diparingi
3. >LIR-ILIR. Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh penganten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodotiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono lumatono
Konggo sebo mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung padang kalangane
Yo surako, surak hiyo
4.>GUNDUL-GUNDUL PACUL. Gundul-gundul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Gundul-gundul pacul cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak rattan
5.>PADHANG WULAN. Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba
Padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane e sing awe-awe
Ngelingake aja padha turu sore
Yo ‘pra kanca dolanan ing jaba
Rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina
Yo padha dolanan sinambi guyonan
6.>TURI – TURI PUTIH. Cemleret tiba nyemplung
Mbok kiro kembange apa,
Mbok kiro – Mbok kiro …
Mbok kiro kembange apa,
Kembang-kembang tebu …
Kembang tebu cacahe pitu
Kembang-kembang tebu …
Kembang tebu cacahe pitu
Kang mituhu marang guru
Ben lakune ora kliru
Mbok kiro – Mbok kiro …
Mbok kiro kembange apa,
Kembang-kembang jambe
Kembang jambe di ronce-ronce
Kembang-kembang jambe
Kembang jambe di ronce-ronce Rungoknopituture
Ben ra getun tembe mburine
Mbok kiro – Mbok kiro …
Mbok kiro kembange apa,
Kembang-kembang waru …
Kembang waru di wiru-wiru
Kembang-kembang waru …
Kembang waru di wiru-wiru
Opo to tegese guru
Digugu ugo di tiru
Mbok kiro – Mbok kiro …
Mbok kiro kembange apa,
7.>SLUKU – SLUKU BATOK. Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Leh olehe payung mutho
Mak jentit lho-lho lobah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleka duwit
8.SUWE ORA JAMU. Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela
Suwe ora jamu
Jamu sogo thunteng
Suwe ora ketemu
Temu pisan atine seneng
Suwe ora jamu
Jamu godhong bunder
Suwe ora ketemu
Temu pisan tambah pinter
9.>GAMBANG SULING. Gambang suling, ngumandhang swarané
Thulat-thulit, kepénak uniné
Uuuuniné mung
Nreyuhaké ba-
Reng lan kentrung ke-
Tipung suling, sigrak kendhangané
10. >JARANAN. Jaranan jaranan jarane jaran teji
Sing numpak doro behi
Sing ngiring para mentri
Jrek jrek nong
Jrek jrek gong jrej e jrek
Turut lurung gedebuk krincing
Gedebuk krincing
Thak thak gedebuk jeder
~SELESAI~